kamasutra

Ciri Ciri Orang Madiun

In My Life on Agustus 21, 2005 at 6:08 am

Berikut ini daftar kriteria orang² mediun dalam versi jowo :
1. Esuk sarapan sego pecel ngombe wedang kopi, awan mangan pecel
ngombe es cendol, bengi mangan pecel ngombe teh manis….
2. Sing perantauan, nek mudik sing digoleki sego pecel, angger balik
nyang rantau sangune lempeng entah kambek sambel pecel…
3. Plesirane nang nDungus, Sarangan utawa Ngebel… adoh-adohe nang
Popoh…
4. Nesu nek diarani turunan PKI..
5. Pelawak favorite Kirun…
6. Nek tanggal nom blanja utawa cuci mata nyang Sri Ratu…
7. Numpak angkutan umum jarene nunggang Colt, padahal gaweyan Toyota,
Daihatsu utawa Suzuki…
8. Nek kaget, aloke “Biyuh, biyuh…. jegeg men”
9. Ngarani bakwan jare “heci”, nyebut toge jare “ganteng”…
10. Ketemu nyamuk gede-gede alok “jingklong saemblag-emblag”
11. Cilikane seneng nyolong tebu pabrik…
12. Angger numpak sepeda montor mesti Honda, contone Honda Yamaha,
Honda Suzuki, Honda Kymco….
13. Angger mbukak e-mail, isine madumongso, sambel pecel karo lempeng
puli…
14. Gendeng omahe dilabur tulisan AAPIK…
15. Milis favorite madiun-club@yahoogroups.com

  1. oh ayolah kang … dari daftar di atas kok rada gak cocok dengan kondisi ane … ???? apa ane bukan wong mediun yo??

    point 6 : ane ke sri artu cuma 5 kali .
    point 1. awan bengi mangan bakso 😛
    point 14 : tembok sing ditulisi AAPIK
    dll

    😛

  2. ohh.. orang madiun gitu toh 😛

  3. Wah, wong mediun ki pancen lucu tenan… :))
    wis koyo Kirun ae lho sampeyan… 😀

  4. Aku dudu wong mediun tapi nek mudik mesti nggolek pecel, terus nek ndek jakarta seneng mampir nang warung pecel madiun kalibata :d

  5. ih chauvinisme banget sih?

  6. oala… asli madiun toh kang ? hehehe

  7. 1# coba tanyakan wongtwamu kus 🙂
    2/6# yups asli
    3# emange aku pelawak 😀
    4# bearti sampeyan seneng sama mediun kale yah 🙂
    5# harus dong\:d/

  8. nek aku dolan mrono kudu di waregi pecel madiun lo, mas :)>-

  9. kang, chauvinisme ki mengunggulkan suku/daerah terlalu berlebih-lebihan lho artine. dan di pelajaran PMP kuwi ra oleh, soale garai perpecahan antar bangsa. heheheehe.. jare pak guru PMP ku biyen lho… 😀

  10. aku yo wong mediun aseuli…….lho tapi kok gak koyo nang list iku yo. Berarti iku sampeyan dewe yo..:-?
    salam kenal

  11. aku bukan orang madiun, tapi yg jelas aku sangat suka pecel Madiun :d

  12. ngeliat dari banyaknya isi postingan, keknya ‘si geblek’ dah mulai ‘normal’ yah 😀

  13. waaa.. nda ngerti opo2.. 😦

  14. walah..wong mediun tibake =)) tonggo mas

  15. Mas salam kenal wae yo kulo tyang parang sing ono kidule magetan.deket karo sarangan.

  16. mas Yadhi, aku takeran mas!

  17. Aduh ..kok elek baget sih mas ciri – ciri ne wong Mediun,tapi nek tak piker – piker onok benere jugak, soale aku asli wong mediun.:d

  18. Madiuner…. Rock!!!!
    kagem Madiuner please check situd meniko. http://www.segapecel.org
    eh mas joko ciri ciri wong mediune tak suwun yooo?

  19. piye rek wis podo neng warung yu yem durung iku pinggir ndalan caruban sambel pecele pedes enak tenan,hardy_speedy@yahoo.co.id

Tinggalkan Balasan ke yonky Batalkan balasan